PengantenJawa

Melestarikan Budaya Luhur Adat Perkawinan Jawa

Monday, May 08, 2006

Nyirami Calon Penganten Kudu Wis Mantu?

Ing rapat-rapat panitia pancen kerep dadi pitakonan prekara sarate bisa nyirami calon penganten. Sajroning batin ana rasa tidha-tidha. Aja-aja yen nerak sarat, numusi tumrap calon penganten. Iki kudu diati-ati jalaran wong jejodhoan lan bebojoan yen bisa sepisan salawase urip. Mula bener menawa isih ana rasa ragu-ragu luwih becik mundhut priksa tinimbang nyiksa rasa. Siraman calon penganten pancen prelu katindakake. Wong arep dadi penganten mono tegese arep nindakake laku kang suci kanggo salawase. Awit saka iku kudu diwiwiti kanthi linambaran laku kang suci, yaiku resiking lair lan batin. Kanthi resik lair lan batin, calon penganten duwe rasa menep lan mantep napak jantraning urip mangun bebrayan. Wong arep dadi manten tegese bakal lumebu ing prastawa suci kang diarani ijab-qobul utawa nikah. Amarga nikah iku prastawa suci lan agung utawa prajanjen kang kuwat lan luhur, mula kudu linambaran sucining lair lan batin. Sucining lair kanthi nindakake siraman, sucining batin kanthi laku batin sarta ngantu-antu pepuji rahayu para pinisepuh nalika paring siraman.Apa kanthi mangkono calon penganten iku mesthi kudu nindakake siraman? Penulis ora ngudokake. Iki mono wujuding kabudayan. Dene kabudayan mono lair saka pangolahing budi, rasa, lan karsa kang duwe makna lan ancas luhur. Apa alane menawa calon penganten reresik lair lan batine, nyuwun pangestu para sesepuhe, ngraketake silaturahmine, kanggo ngadhepi laku kang suci ing salawase uripe. Mung sing prelu digatekake aja nganti kabudayan mau nyeret marang syirik lan musrik. Dadi calon penganten ora siraman ya ora apa-apa, tegese ora bakal ana waler lan sambekalane. Nanging apa iya, salagine arep menyang kantor wae padha siram, ngagem busana becik, lan wewangian, kok malah arep jumangkah kanggo miwiti laku kang suci (nikah) kanggo mbangun brayat salawase malah ora sesuci. Lho, sesuci (siraman) rak bisa kanthi adus dhewe ing kolah. Iya bisa nanging ora antuk pangestu lan donga para pepundhen. Iki sing mbedakake.

Urut Sarate Nyirami

Pancen ana urut sarate nyirami calon penganten. Iki mono andhedhasar tradhisi lan tata krama. Ing buku Siraman (2003) kang daktulis, urut sarate siraman prayogane sing mambu getih (trah utawa sedulur). Sawise wong tuwane calon penganten paring siraman, urute sarat sabanjure mangkene.Sepisan, urut saka pinisepuh amarga (a) para pinisepuh wis meneb ing rasa, bisa ngendhaleni nepsu (amarah, aluamah, supiah, mutmainnah), wis bisa mungkur ing kadonyan, (b) wong sing wis meneb ngungkurake kadonyan, dongane makbul bisa numusi calon penganten, (c) pinisepuh wis bontos lelakoning urip mula bisa suka wewarah/piweling utama tumrap calon penganten.Kapindho, isih jangkep. Tegese jangkep bapak lan ibu. Pinisepuh iki tegese bisa mbangun kulawarga kanthi lestari linambaran kabagyan lan kamulyan kang bisaa lumeber tumrap calon penganten sebab siraman mono ngluberake pangestu kang lumeber tumrap calon penganten.Katelu, lamun ora jangkep amarga seda, dadi ora amarga pisahan. Kasetyan mau bisa diwarisake tumrap calon penganten. Ora ana kang bisa misahake kekarone kajaba oncating nyawa saka raga. Dadi ora amarga disharmoni ing kulawarga.Kapapat, wis tau mantu. Becike pancen mangkono. Paraga sing nyirami wis tau mantu. Kanthi mangkono wus mangerti tenan tata carane nyirami.Kalima, menawa 1-4 ora ana, paraga nyirami calon penganten bisa saka wong liya sing ora mambu getih (sedulur), syarate sukses ing uripe: kariere becik, kulawargane bagya mulya, putrane padha “dadi wong”, lan liyane sauger sing becik-becik.

Kajaba Kepengin Mantu

Ana guyonan. Sing bisa nyirami iku yen wis tau mantu, kajaba wong mau pancen kepengin cepet mantu. Ing kene ngemu surasa walikan, yen kepengin cepet mantu nyiramana calon penganten! Ing prekara iki penulis durung tau mrangguli dhasare. Yen percaya ya mangga, dene ora ya ora apa-apa. Sing prelu digebengi bab pepesthen cepet mantu lan ora iku percaya wae sing nemtokake Gusti Allah kang Mahakuwasa. Sing prelu digatekake ora usah mangu-mangu lan tidha-tidha. Yen arep nyirami calon penganten, sing mantep sanajan durung mantu.

Drs. H. Suwarna Pringgawidagda, M.Pd, Dosen FBS, UNY, Praktisi MC

1 Comments:

Blogger Poetrafoto Wedding Photographer Indonesia said...

terimakasiiih atas artikel ttg pengantin adat Jawa ini. sangat bermanfaat :)

8:31 PM  

Post a Comment

<< Home